selamat datang

Selamat Datang di Tempat Para Pembelajar, Semoga Bermanfaat!!!
Tampilkan postingan dengan label Alaming Lelembut. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Alaming Lelembut. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 25 Agustus 2012

Wadal Pak Jaya



ABDINE Pak Jaya sing jenenge Mbok Boniyem ketaman lara aneh. Tanpa jalaran apa-apa, dumadakan ora bisa mlaku lan ora bisa ngobahake perangan awak liyane. Caturan bae kangelan satemah mbingungake tumrap sing waras arep aweh pitulungan. Wong wadon sing umure durung nyandhak 40 taun iku ora duwe anak bojo, mung duwe adhi wadon sing anake wis gemrayah.

Bareng ganti dina malah wis ora bisa caturan, mripate merem prasasat kaya wong mati. Mung anane weteng sing kempas-kempis dadi pratandha yen mbok Boniyem isih urip. Mula dening Ijah ya adhine wadon mau, mbok Boniyem disuwun arep dirukun ing omahe. Pak Jaya ora kabotan.

Ing omahe Ijah, mbok Boniyem diturokake ana amben ngomah sanjabane senthong tengah. Perlune yen ana sanak sedulur sing arep wenih kahanane ora kangelan. Awan bengi mung tansah ditunggu karo ngenteni apa sing bakal kelakon. Kacingkrangane uripe Paijah nyebabake ora duwe tekad bakal nambakake menyang dokber apadene mantri. Jaman semana tumrap wong urip ing padesan, rekasa yen arep menyang dokteran.