ABDINE Pak Jaya sing jenenge Mbok Boniyem ketaman lara aneh. Tanpa
jalaran apa-apa, dumadakan ora bisa mlaku lan ora bisa ngobahake perangan awak
liyane. Caturan bae kangelan satemah mbingungake tumrap sing waras arep aweh pitulungan.
Wong wadon sing umure durung nyandhak 40 taun iku ora duwe anak bojo, mung duwe
adhi wadon sing anake wis gemrayah.
Bareng ganti dina malah wis ora bisa caturan, mripate merem prasasat kaya wong mati. Mung anane weteng sing kempas-kempis dadi pratandha yen mbok Boniyem isih urip. Mula dening Ijah ya adhine wadon mau, mbok Boniyem disuwun arep dirukun ing omahe. Pak Jaya ora kabotan.
Ing omahe Ijah, mbok Boniyem diturokake ana amben ngomah sanjabane senthong tengah. Perlune yen ana sanak sedulur sing arep wenih kahanane ora kangelan. Awan bengi mung tansah ditunggu karo ngenteni apa sing bakal kelakon. Kacingkrangane uripe Paijah nyebabake ora duwe tekad bakal nambakake menyang dokber apadene mantri. Jaman semana tumrap wong urip ing padesan, rekasa yen arep menyang dokteran.

Apa sing disawang wong akeh karo apa sing dirasakake mbok Boniyern beda. Ing
kalane mbok Boniyem digotong arep digawa bali menyang omahe Ijah, rumangsane
dheweke digujer wong lanang loro macak kaya prajurit. Wong loro mau katon gagah
gedhe dhuwur, nggawa tumbak lancip. Mbok Boniyem mberot-mberot kepengin ucul,
nanging kalah rosa karo prajurit loro sing nyekeli kanthi bakuh.
"Ayo ora susah kakehan polah, ndang mlaku melu aku", salah sijine
prajurit nggetak karo mencereng.
"wegah ... wegah ... aku wegah melu ... tulung ... tulung...",
mengkono mbok Boniyem anggone bengok-bengok.
Nanging tangga teparone ora ana sing mara aweh pitulungan. Malah wong sing
wira-wiri ketemu ana ndalan mung padha meneng bae. Aja maneh aweh pitulungan,
nyawang bae ora. Kabeh padha bablas mlaku mburu butuhe dhewe. Upayane arep ucul
saka cengkeremane prajurit loro iku gagal.
"Aku culna . . . aku arep kok gawa menyang ngendi . . .?" pambengoke
mbok Boniyem karo mbaluh wegah digawa.
"Ora susah crewet, kowe kudu melu aku daksowanake ratuku", kandhane
prajurit pangawak keker iku karo nggeret Iuwih rosa.
Teka ndalan gedhe, ing kono ana kreta apik mandheg. Jarane loro gedhe-gedhe,
ditunggu wong sing uga macak prajurit karo nyekel pecut. Sajake wong mau kusire
kreta mau. Mbok Boniyem banjur diunggahake ing njero kreta. Dheweke saya
bingung, nanging durung nganti ilang bingunge wis dijorogake nganti nggloso ing
jrambahe kreta. Bar kuwi kreta wis mlaku kanthi banter, prasasat kaya watu
disawatake.
Mbok Boniyem wis ora bisa bangga. Anane sarwa eram jroning ati. Kreta sing
digeret jaran loro mlaku kaya angin lesus. Sing nggumunake dene ora keprungu
swara gumeriting rodha kreta apadene kumlethoging sikil jaran. Kamangka jaman
semana dalan-dalan ing desane lan tangga desa liyane mung tatanan watu sing sak
endhas maling gedhene. Ewadene ora ana swara gumlodhage kreta, ora krasa anane
rodha sing nggronjal. Kreta mlaku kanthi angler tur kenceng tanpa
menggak-menggok.
Kreta mandheg ana sangarepe lawang regol sing dijaga prajurit. Mbok Boniyem
dicandhak banjur digeret mudhun. Dituntun liwat gapura sing dijaga prajurit.
Ing njero katon ara-ara jembar. Ing tengah ara-ara ana wit ringin sing
ngrembuyung godhonge. Ing ngisor ringin ana terope, ngisor terop ditatani meja
kursi sarwa peni. Ing meja wis cumepak panganan lan woh-wohan sing menginake.
Mbok Boniyem sing wis ora mangan ngombe pirang-pirang ndina banjur krasa ngelak
lan luwe. Ing kono ana sawijining pawongan lagi lungguhan.
"Punika bandanipun ki Lurah", prajurit sing nggeret lakune kandha
karo pawongan sing lagi lungguhan ngadhep panganan sing sarwa mirasa.
"Cancangen ing sulure ringin kuwi, aku dakmatur karo Gusti ratu",
wong sing diundang Ki Lurah mau ngadeg banjur mlaku ninggalake papan kono.
prajurit sing oleh prentah banjur nyancang mbok Boniyem, ditaleni karo sulur
ringin sing salengen gedhene.
"Wis ana kono bae, aja nyoba ucul", panggetake prajurit mau karo
mlintir brengose. Bubar kuwi banjur lunga ninggalake papan kono. Mbok Boniyem
mung ijen ing papan kono. Ing batin ngenteni apa sing bakal kedadean. Nganti
suwe ora ana wong sing nyedhaki dheweke. Prajurit sing nggawa mrono mau ya ora
mencungul. Semono uga ki lurah sing dilapuri mau uga ora katon. Dheweke nyawang
panganan sing andher ana meja. Gedhang raja sing mulus tur gedhe-gedhe ana rong
lirang, diwadhahi piring gedhe. Banjur sabangsane opak, rengginang, wajik,
kemplang diwadhahi dadi pirang-pirang piring.
Weruh sesawangan kaya ngono rasa ngelak lan luwene saya ndadi. Wetenge saya
kaya digerus, lan gurunge krasa kaya kasatan banyu. Rasa kepengin ngrasakake
panganan sing andhar ing meja kaya ora kena ditahan. Nanging dheweke wedi arep
njupuk panganan sing cumawis. Bareng dirasakake saya ora betah, dheweke banjur
nolah-nolih. Ora katon wong kumliwer, kejaba prajurit sing jaga ana ngarep
regol.
Nyawang prajurit loro sing jaga regol padha mungkur ora ngadhepake dheweke.
Mula dheweke wani nyoba arep njupuk gedhang raja sing mulus lan gawe ngiler.
Tangane kumlawe arep nguntir gedhang raja setangkep sing ditata ana piring mawa
ukiran ngrawit iku. Nanging kaya apa kagete, bareng tangane lagi kumlawe arep
nguntir gedhang, lagi nempel ana pucuke woh gedhang raja iku keprungu swara
panggetak banter banget.
"He, manungsa ora tata, menungsa cluthak. Kuwi mono dudu suguhan kanggo
kowe!" swara panggetak mau banter banget kaya mbudhegake kuping. Embuh
saka ngendi sangkane, wong gedhe dhuwur njenggureng wis ngadeg ing sisihe.
Wonge malang kerik karo mencureng nyawang mbok Boniyem sing kamiweden. Wong mau
banjur tumandang nguculi bandane mbok Boniyem.
"Ayo mlaku", prentahe karo nepang bokong. Mbok Boniyem mlaku karo
minggrang-minggring. Awake sing suwe ora klebon panganan njalari ora kuwat
ngglawat. Prajurit sing ngetut buri karo nggawa tumbak kala-kala nyodor nganggo
garan tumbak.
Mbok Boniyem dijak mlaku liwat sawijining papan wujud pendhapa jembar. Ing
sanjabane pendhapa akeh wong padha nyambut gawe. Ana sing usung-usung kanthi
gawan sing sajak abot banget. Saben rombongan wong nyambutgawe ditunggoni
pawongan nyekel pecut. Yen sing nyambutgawe katon lirwa bajur dipecuti. Awak
ngliga sing katon kuru banjur katon bilur-bilur abang semu ireng ngemu getih
njendhel.
Weruh sesawangan kaya mangkono mbok Boniyem gumun jroning ati. Malah ing
antarane wong sing kerja mau katon mas Darno, putrane pak Jaya sing wis ninggal
limang taun kepungkur.
Meruhi kabeh kahanan mau mbok Boniyem ngudarasa, baya ana ngendi dheweke saiki?
Bab mau banjur digandhengake karo macake kabeh pawongan lan prajurit kok beda
karo wong lumrah ing ndesane. Banjur kelingan kreta apik sing mlaku kenceng
tanpa swara lan tanpa nggronjal rodhane. Banjur weruh mas Darno sing melu
tandang gawe rekasa bareng wong sing kuru-kuru lan mesakake. Genah iki papan
wingit sing dudu alaming menungsa.
"Yagene pawongan iki digawa
mrene?" ana wong takon marang prajurit sing ngirit mbok Boniyem.
"Prajurit ingkang mbekta namung
sadermi nindakaken dhawuhipun kanjeng ratu", prajurit mau kandha.
"Iya, nanging rak durung
wektune digawa mrene. Isih kudu dicancang ana ngisor ringin kana",
pawongan sing mau diundang ki lurah mau kandha sereng. Sajak maido marang
prajurit sing ngirit mbok Boniyem.
"Tiyang punika boten nggadhahi
tata krama, kumawani nedha dhaharan kagem ki lurah saha para pangageng
sanes", prajurit mau kandha sajak ngurmati marang ki lurah.
"Bener mbok Boniyem," ki
lurah nyawang mbok Boniyem.
"Inggih, kula ngelak saha
luwe", mbok Boniyem kandha kanthi ndhredheg. Awake gumeter nahan rasa
wedi.
"Wah murang tata banget kowe
kumawani mangan dhaharan kanggo para penggedhe. Tujune durung nganti kok untir
gedhene nganti kok pangan. Upama mengkono kowe mesthi ajur", ki lurah
madoni entek amek.
"Salajengipun nyumanggakaken ki
lurah", ature prajurit.
"Ya wis, ayo dilarapne ana
ngersane kanjeng ratu. Kepiye sing dadi kersane kareben ndang diputusi",
kandhane ki lurah.
Mbok Boniyem disodor garan tumbak
maneh. Sasmita supaya enggal mlaku nurut prentahe prajurit sing ngirit. Ki
Lurah ngetutake karo mlintir brengose. Mbok Boniyem mlakune senggoyoran kudu
ndhusur ing lemah. Awake sing wis ringkih kaya ora kuwat ngadeg.
Lakune teka papan sing katon endah.
Akeh rerenggan ukir-ukiran ngrawit. Akeh pot ditanduri kembang sing nyebar
ganda wangi ngambar-ambar. Ing sisih kana katon ana kursi palenggahan kaukir
luwih ngrawit, diprada warna kuning cumlorot gawe sulap menyang mripat. Ing
kursi rinengga mau katon lungguh pawongan wanita sulitya nganggo sandhangan
kaya ratu. Sandhangane mompyor mblerengi, nganggo makutha rada dhuwur lungguh
karo nyekel teken rinengga kang uga mencorong cahyane.
Ing sisihe pawongan pengawak ratu
mau ana punggawa wanita sing uga ayu rupane. Sandhangane uga sarwa mompyor
sarwa gumebyar. Wanita sing ngadeg mau uga nyekel tumbak kanthi landheyan
rinengga sing gumebyar cahyane. Pawongan mau sajak patihe kanjeng ratu.
"Kepareng sowan gusti",
ature ki lurah karo nyembah.
"Iya, ana parigawe apa ki
lurah?" pitakone kanjeng ratu.
"Kula sowan punika ngaturaken
mbok Boniyem ingkang panjenengan kersakaken", ature ki lurah.
°Boniyem? Sapa Boniyem iku?" pitakone
kanjeng ratu.
"Punika pawongan saking
kidulipun redi Lawu radi tebih, malah mapan ing tepining samodra. Piyambakipun
abdinipun Ki Jaya ingkang rumiyin sampun prasetya purun ngaturaken wadal
warganipun ingkang kapernah waris kulit daging. Awit Ki Jaya sampun paduka
paringi gangsar rejekinipun, satemah wekdal
punika ki Jaya dados tiyang sugih brewu saha kajen keringan ing
desanipun", ature ki lurah.
"Oh iya, manut cathetan ki Jaya
wis wayahe asung pisungsung arupa wadal. Yen nganti kelepyan, ki Jaya dhewe
sing kudu dadi wadal. Dadi iki wujude punjungan saka ki Jaya?" pitakone
kanjeng ratu.
"Inggih kanjeng ratu, wasana nyumanggakaken. Inggih pawongan punika ingkang tinuding kaliyan ki Jaya pinangka wadal punjunganipun"
"Iya wis, coba dakuruse", kandha ngono kanjeng ratu banjur mbenakake lungguhe. Nyawang mbok Boniyem sing saya mringkus awake merga wedi.
Kanjeng ratu nyawang mbok Boniyem tanpa kedhep. Patrape kaya wong lagi naliti, apa bener wong iki sing kudu ditampa pinangka wadal.
"Mbok Boniyem, kowe kapernah sedulur apa karo pak Jaya?" pitakone kanjeng ratu.
"Kula punika boten sanak boten kadang kaliyan pak Jaya, Gusti", mbok Boniyem melu-melu ngundang gusti.
"Bener kandhamu jare kowe dudu warise mbok Jaya utawa pak Jaya?" kanjeng ratu pitakon sajak kurang yakin.
"Saestu leres, kula boten wonten alur sedherek kaliyan Bu Jaya utawi pak Jaya. Namung kemawon sampun wonten kalih dasa taun ndherek wonten dalemipun den Jaya sekaliyan. Kula punika abdinipun den Jaya," mbok Boniyem kandha apa mesthine.
"Wah yen ngono pak Jaya lan bu Jaya nyulayani janji. Ing prajanjen duk inguni, wong sakloron gelem bakal ngaturake wadal saben mangsa tinamtu. Dene sing dadi wadal iku isih pernah warise dhewe, apa anak, mantu, putu, dulur lanang apa dulur wadon, ponakan. Yen abdi iki cetha wong liyan ndrayan. Sanajan melu ngrasakake kanikmatan saka bandhane pak Jaya, nanging mbok Boniyem wis ngrekasa kanthi adol tenaga dadi abdi. Iki ora bener. Heh, ki lurah, kanjeng ratu nimbali ki lurah.
"Wonten dhawuh kanjeng ratu", ature ki lurah.
"Sing kok jupuk kleru, mbok Boniyem iki dudu warise pak Jaya. Iki ora cundhuk karo prajanjen sing kepungkur. Wis mbok Boniyem iki balekna bae", dhawuhe kanjeng ratu.
Ki Lurah banjur nimbali prajurit sing mau ngayahi pegaweyan. Prajurit mau banjur mara lan kadhawuhan nggawa bali mbok Boniyem awit dudu warise pak Jaya sing kudu asok wadal.
Mbok Boniyem bali digeret menyang njaba, diunggahake kreta sing isih njenggereng ing ngarep regol. Kaya mau nalika budhal mbok Boniyem diuncalake ana njrambahe kreta. Lan kreta mlaku kenceng, banter tanpa ana swara gumlodhag babar pisan. Ora nganti suwe teka ing ngarep omahe Ijah adhine mbok Boniyem.
Tanpa ngendhegake kreta, prajurit mau banjur nyandhak ragane mbok Boniyem. Kanthi kasar mbok Boniyem diuncalake metu saka sanjabane kreta. Rumangsane mbok Boniyem lungane durung nganti sedina sewengi. Nanging dulur-dulure sing tugur wis ana pitung mbengi anggone nunggoni. bareng karo kumleyange ragane, mbok Boniyem banjur tangi gumregah. Melek nolahnoleh nguwasi dulure sing padha ngantuk ing sacedhake. Malah ana sing padha turu.

Sing tugur kaget campur seneng dene
mbok Boniyem wis tangi lan waras wiris kaya ora bubar lara. Sateruse mbok
Boniyem terus waras, bisa nyambutgawe kaya lumrahe wong waras nanging wis ora
ngabdi ing daleme pak Jaya. Nganti pungkasane mbok Boniyem isih bisa nikmati
alam padhang nganti telung puluh taun punjul, ninggal donya amarga umur tuwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar